Skip to main content

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf
Centralpendidikan.com - Berikut ini kami akan memberikan artikel tentang Contoh Latihan Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 sebagaimana kompetensi inti (KI) dan Kompetensi Dasar (KD) yang dianjurkan oleh Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan atau Kemdikbud di kurtilas revisi tahun 2018 sampai dengan tahun pelajaran 2021 - 2022 sekarang.

Kunci jawaban soal pilihan ganda.PTS Bahasa Jawa Kelas 5 semester 2 tercantum langsung di artikel.

Selanjutnya, untuk detail dokumen kami bagikan dalam format pdf dan microsoft word yang dapat diedit demi kepentingan satuan pendidikan dan guru mata pelajaran Bahasa Jawa Kelas 5 sekolah dasar.

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf

Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf

Contoh latihan soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 semester 2 kurikulum 2013 pada artikel ini diharapkan dapat membantu bapak/ibu guru dalam proses penyusunan lembar ujian.

Kisi Kisi PTS Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2, Unduh

Simak artikel Soal & Jawaban PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 selengkapnya sebagai berikut. Tautan file (Dokumen) tersedia di bawah artikel.

I.Wenehana tanda ping (x) ana ing aksara a,b,c lan d ing wangsulan kang bener ana lembar
jawaban kang cumawis !
KD.3.1
Pangkur
(Kapetik saka : Serat Wulangreh Anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV)
Alaning liyan den andhar
Ing becike liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong kang mangkono wateknya
Nora kena denpedhaki

1. Tembang Pangkur ing dhuwur kapethik saka….
a. Serat Walangreh
b. Serat Wulangreh
c. Serat Walungreh
d. Serat Wulungreh
Jawaban : B

2. Tembang Pangkur ing duwur dianggit ….
a. Mangkunegara IV
b. Mangkunegara VI
c. Pakubuwana IV
d. Pakubuwana VI
Jawaban : C

3. Tembang Pangkur kelebu tembang….
a. jawa
b. daerah
c. dolanan
d. macapat
Jawaban : D

4. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru sastra
d. guru gatra
Jawaban : C

5. Cacah gatra tembang Pangkur ana….
a. 9
b. 8
c. 7
d. 6
Jawaban : C

6. Guru lagu tembang Pangkur gatra kaping papat yaiku….
a. a
b. u
c. i
d. e
Jawaban : A

7. Cacahe guru wilangan tembang Pangkur gatra telu ana…
a. 12
b. 10
c. 8
d. 7
Jawaban : C

8. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping pitu tembang Pangkur ing dhuwur yaiku…
a. 8 u
b. 8 e
c. 8 a
d. 8 i
Jawaban : D

9. Tembung “andhar “iku tegese….
a. dicritakake
b. disimpen
c. sambat
d. dilakoni
Jawaban : A

10. Nora kena denpendhaki, ukara iku tegese….
a. ora kena disilihi
b. ora kena dikandani
c. ora kena dicedhaki
d. ora kena diapusi
Jawaban : C

11. Kosok baline tembung “alane” yaiku….
a. gampang
b. susah
c. bungah
d. becik
Jawaban : D

12. Watake tembang Pangkur yaiku….
a. seneng
b. sereng
c. grapyak
d. jirih
Jawaban : B

13. Tumindak kaya sing disebutake ing tembang Pangkur kalebu tumindak sing….
a. prayoga
b. nistha
c. utama
d. becik
Jawaban : B

14. Tembang Pa
ngkur cocog kanggo ngandhakake pitutur luhur ngenani….
a. sekolahan
b. masyarakat
c. tata cara sinau
d. budi pekerti
Jawaban : D

15. Tembang Pangkur ing duwur nuduhakae sipate wong sing….
a. gumedhe
b. lembah manah
c. apikan
d. andhap asor
Jawaban : A

KD.3.2
Rawa Pening
Ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa saben taun.Kanggo memetri desa iku ana sarate yaiku kudu nggango daging kewan saka alas.Wis meh sedina muput Wong Banarawa durung nemu kewan siji-sijia.Sajrone ngaso salah sijine wong lungguh ana wit kang rubuh.Wong kuwi mau kaget amarga wit kang ditancepi peso blati metu banyune abang.Bareng diwaspadaake jebul getih ula.Sanalika ula banjur dipateni.Daging ula dienggo sarat memetri desa.
Nalika samana ana Bocah Bajang teka marang Desa Banarawa,Bocah Bajang mau sejatine memblane ula sing padha dipateni wong desa ana ing alas .Ula kuwi mau sejatine yaiku ula Baru Klinting.Ula kang lagi tapa arep gayuh kamulya ning urip.Nalika weruh yen daginge ula wis mateng cumawis,Bocah Bajang marani Ki Juru Mathokan lurahe Desa Banarawa.
“Kulo Nuwun,”Bocah Bajang ngaturake salam.
“He,sapa kowe ?”pitakon Ki Juru Mathakon.
“Kulo Baru Klinting.Kulo badhe nyuwun daging sawer,sakedhik kemawon,”kandhane
Bocah Bajang.
“Kowe ora melu rekasa,arep njaluk daging ?Sing rekasa bae durung ngrasakke.Kana
lunga!Gek ambumu ya ora enak kaya ngene.Lunga !”jawabe Ki Juru Mathokan,karo
senggol.
“Iya,bocah ora genah ,Enggal,lunga sing adoh !”aloke wong-wong ing sacedhake Ki Juru
Mathokan.
Bocah Bajang banjur lunga.Si Bajang tekan omah Mbok Randha.Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine.Seneng tetulung marang sapa bae.Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik.Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula.Sawise mangan ,Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.
“Mbok ,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik.Mangke badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.
Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran.Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake.Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.
Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau.Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe.Saya suwe ngeleb Desa Banarawa.Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep.Mung Mbok Randha sing bisa slamet.Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

16. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. daging kewan saka ngomah
b. daging kewan saka alas
c. daging kewan laut
d. daging kewan sapi lan kebo
Jawaban : B

17. Bocah Bajang mau sejatine ….
a. membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Martani
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathakon
Jawaban : A

18. Lurah Desa Banarawa arane ....
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan
Jawaban : D

19. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. wong desa
d. Mbok Randha
Jawaban : C

20. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c. wong desa
d. Bocah Bajang
Jawaban : D

(Soal Nomor 21 - 35 di file/dokumen terlampir)

II,Isenana nganggo tembung utawa ukara kang trep.
KD.3.1
36. Guru lagu gatra kaping loro tembang pangkur yaiku…
Jawaban : i
37. Cacahe guru wilangan tembang pangkur gatra lima yaiku….
Jawaban : 12
38. Tibaning swara ing pungkasane gatra diarani….
Jawaban : guru lagu
39. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping siji tembang pangkur yaiku….
Jawaban : 8a
40. Becike dhewe ginunggung. Tembung ginunggung tegese….
Jawaban : dialem
KD.3.2
41. Membane ula kang dipateni awujud….
Jawaban : bocah bajang
42. Mbok Randha diarani luhur budine amarga….
Jawaban : seneng tetulung
43. Desa Banarawa ilang dadi rawa sing diarani….
Jawaban : rawa pening
44. Ki Juru Mathokan ing crita dhuwur duweni watak….
Jawaban : angkuh
45. Barang diwaspadaake jebul getih ula.
Krama inggil tembung getih yaiku….
Jawaban : ludira

III.Wangsulana kang patitis.
(Kebijaksanaan Guru)
KD.3.1
46. Sebutna 3 paugeran tembang Pangkur ing ngarep !
47. Sakliyane tembang Pangkur,sebutna 3 bae tembang kang kelebu tembang macapat!
KD.3.2
48. Apa bae piwelinge Baru Klinting sakdurunge lunga ninggalake omahe Mbok Randha?
49. Gantinen ukara ing ngisor iki nganggo basa krama inggil !
Baru Klinting diwenehi sega lan iwak ula.
50. Apa akibate menawa awake dhewe duwe watak kaya Ki Juru Mathokan?
  • Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf  - UNDUH
Dengan artikel tentang Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2 Kurikulum 2013 Online dan Pdf, Terima kasih atas kunjungannya. Semoga bermanfaat.
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.