Skip to main content

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SD 2023 Kelas 6 ONLINE

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SD 2023 Kelas 6 ONLINE
Berdasarkan Permendikbud No 43 tahun 2019 menyatakan bahwa keseluruhan proses penilaian di ujian sekolah akan diserahkan kepada lembaga masing - masing. Dalam rangka mennyambut pelaksanaan US di artikel ini kami akan membagikan Latihan Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SD Kelas 6 dan Kunci Jawaban Tahun Pelajaran 2022/2023. 

Bapak/ibu guru pengajar basa jawa dapat menjadikannya bahan referensi untuk menyusun lembar ujian yang akan diujikan kepada anak didiknya mendatang. Tepatnya di bulan april - mei sesuai Kalender pendidikan dan jadwal yang sudah ditentukan.

Sedangkan bagi siswa, dikarenakan mengikuti ujian sekolah merupakan syarat wajib kelulusan. Diharapkan mempelajarinya sebaik mungkin, agar mendapatkan nilai yang bagus.

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SD 2023 Kelas 6 ONLINE

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SD 2023 Kelas 6 ONLINE

Jumlah Soal US Bahasa Jawa SD dan Kunci Jawaban 2023 adalah 50 butir lebih pilihan ganda dan urian. Central Pendidikan menyediakannya dalam dua varian pengerjaan yaitu online dan pdf. Serta diberikan dokumen berbentuk lampiran PDF yang bisa diakses secara gratis.


Bagi adik - adik kelas 6 silahkan menggunakannya untuk keperluan latihan di mata pelajaran bahasa Jawa (Mulok / Bahasa Daerah) ini. Agar mendapatkan nilai terbaik. Karena pengikutsertaan dan hasil ujian sekolah Bahasa Jawa digunakan sekolah sebagai syarat penentu kelulusan.

Selamat mengerjakan.,.

File PDF (Lengkap 35 BUTIR) + Prediksi + Jawaban berada dibawah soal berikut ini

1. Gatekna geguritan iki:

KEKANCA

Kekanca gawe tambahe paseduluran
Sajrone kekanca kudu bisa nyawijekake rasa
Ngedohake rasa iri, ngedohake prasangka sing ala
Supaya bisa gawe rukun lan santosa

Ana unen-unen rukun agawe santosa,crah agawe bubrah
Kekanca kudu bisa trapna unen-unen sing wis apik
Sajrone kekanca aja mung akal-akalan utawa menange dhewe
Kekanca kudu bisa guyup rukun rumaket kaya dulure dhewe

Isi geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Kekanca bisa guyup rukun.
B. Kekanca ora bisa rukun.
C. Kekanca ngadohake rasa rukun.
D. Kekanca ora bisa guyub.

2. Gatekna geguritan iki:

ENDAHE ALAM

Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Atine dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan Sing Kuasa

Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange ndonya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestarine
Tanpa ngilangake kaendahane

Miturut geguritan ing dhuwur, bungah tegese….
A. kembang
B. susah
C. seneng
D. sedih

3. Hemat Energi
Pak Jasmin : “ Gus, apa awakmu ora repot?.”
Bagus : “ Mboten Pak, wonten dhawuh ”
Pak Jasmin : ” Mengko sore, nyuwun dhuwit ibumu ya.”
Bagus : “Kangge napa pak !.”
Pak Jasmin : Kanggo tuku lampu, amarga lampu pawon karo pasinaon pedhot.
Bagus : “Bu, dalem dipun utus bapak nyuwun arta .”
Ibu : “Kanggo apa,Gus?”
Bagus : “Ngendikanipun bapak lampunipun pedhot.”
Ibu : “ Ya bener Gus, tumbasa sing LED ya !”
Bagus : “ Kenging napa kedah LED bu ?”
Ibu : “ Amarga sak liyane padhang, uga bisa ngirit setrum, supaya ora bola- bali tuku lampu.”
Bagus : “ O.o mekaten. dados kita saget hemat energi nggih bu ?”
Ibu : “Ya, saiki mangkata tuku supaya ora kewengen. Mengko dipasang pisan ya !”
Bagus : “Inggih Bu...”

Bagus tuku lampu jenis LED amarga ....
A. lampune mati.
B. padhang lan irit.
C. kewengen tukune.
D. dipasang apik.

4. CITA - CITAKU
Kulawargane pak Jarwa nduwe anak 2 jenenge Adit lan Sinta. Adit nduweni cita-cita dadi guru, amarga guru kuwi penggawean kang mulya. Guru uga kasebut Pahlawan Tanpa Tanda Jasa.
Ukara sing katulis kandel ing wacan kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus dadi....
A. Adit gadhah cita-cita dados guru.
B. Adit kagungan cita-cita dadi guru.
C. Adit gadhah gegayuhan dados guru.
D. Adit kagungan gegayuhan dadi guru.

5. Wacanen kanthi patitis!

ASAL USUL BANYUWANGI

Jaman biyen ing Jawa Timur anggadhahi kerajaan ageng ingkang dipun perintah dening Raja ingkang adil saha wicaksana. Raja kasebat anggadhahi putra ingkang gagah asmanipun Raden Banterang. Kesenengan inggih punika beburon.
Nalika Raden Banterang nembe beburon, Raden Banterang mirsani kidang mlampah wonten ngajengipun. Salajengipun enggal-enggal ngoyak kijang kasebat, namung Raden Banterang kecalan lacak buronanipun..

Watake raja utawa paraga crita ing wacan kuwi ….
A. Serakah lan ora bisa dipercaya.
B. Adil nanging gampang goyah.
C. Adil nanging gumedhe.
D. Adil lan wicaksana.

6. Wacanen kanthi patitis!

MANGKAT SEKOLAH

Aldi lan Rani sekolahe rada adoh. Mangkate mung numpak pit onthel, mula jam 05.30 Rani wis rampung adus lan nganggo seragam. Senajan mangkono Aldi lan Rani tetep sregep anggone sekolah. Bocah loro iku uga ora tau keri/telat sekolahe.
Jam enem Aldi sarapan. Sawise sarapan banjur mangkat sekolah. Nalika arep mangkat sekolah Aldi ora lali pamitan karo wong tuwane. Aldi lan Rani atine bungah amarga bisa mangkat sekolah bebarengan.

Crita ing dhuwur kagolong jenise crita ….
A. narasi
B. persuasi
C. dheskripsi
D. argumentasi

7. Gatekna tembang iki!

PADHANG BULAN

Yo prakanca dolanan ing njaba, Padhang mbulan padhange kaya rina, Rembulane kang angawe-awe, Ngelikake aja turu sore-sore.
Isi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ngajak dolanan ing ….
A. lapangan sadurunge sekolah.
B. wayah sore sadurunge mangan.
C. wayah sore aja turu sore.
D. wayah padhang rembulan.

8. Ukara “Padhang mbulan padhange kaya rina” ing tembang dolanan ing dhuwur ngemu karep padhang kaya ….
A. sunare srengenge
B. wayah awan
C. sinare lampu
D. wayah wengi

9. 
 Aksara Jawa ing dhuwur iku unine ....
A. Kardi dicokot ula sawah.
B. Kadir dicokot nyamuk.
C. Akeh nyamuk nang sawah.
D. Kadir tuku obat nyamuk.

10. URIP AYEM TENTREM

Wiwit wulan Nopember manut adat mesthi wis udan. Udan mau diarani udan sepisan, tegese udan kang kawitan sawise ketiga dawa sing lawase kira-kira nem nganti pitung wulan. Malah tau ketiga dawa sing suwene nganti wolung wulan. Para among tani kalebu Pak Rizki atine seneng amarga udan sing diarep-arep wis teka lan wektune pas. Nalika udan sepisan teka ora ana wong tani sing nganggur, kabeh pada nggarap tegal lan sawahe saperlu enggal ditanduri. Pak Rizki esuk umun-umun wis ana tegalan saperlu nyingkal tegale nganggo pacul. Para among tani liyane ana sing nggarap sawahe sarana ngluku, nggaru, lan ana sing tandur.

Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku ….
A. Para among tani liyane ana sing nggarap sawahe.
B. Nalika udan sepisan teka ora ana wong tani nganggur.
C. Udan mau diarani udan sepisan, udan kawitan.
D. Wiwit wulan Nopember manut adat mesthi wis udan.

11. Wacanen kanthi patitis!
Saben taun nalika bulan purnama tanggal 14 sasi sepuluh kelender Jawa, dening masyarakat Suku Tengger dianakake upacara Kasada sing punjere ing sakupenge kawah Gunung Bromo, Gunung iku Gunung Geni kang dumunung ing komplek pegunungan Tengger, Jawa Timur. Dhuwure 2.392 metere lan mapan ing sisih kidule Pasuruan utawa sisih lor wetane kutha Malang.

Wacan iki kelebu jenis teks ....
A. dheskripsi
B. persuasi
C. narasi
D. eksposisi

12. Wacanen kanthi patitis!
Jejaring sosial era modern saiki wis sumramah ana ngendi-endi. Sing klebu jejaring sosial, yaiku: facebook, twitter, Whatsapps, Instagram, lan sapanunggalane. Tuwa, enom nganti bocah cilik kabeh wis nggunakake barang iki.

Ukara utamane paragrap ing dhuwur yaiku ...
A. Jaman saiki kabeh wis padha duwe jejaring sosial.
B. Sing klebu jejaring sosial, yaiku: facebook, twitter, Whatsapps.
C. Tuwa, enom nganti bocah cilik kabeh wis nggunakake barang iki.
D. Jejaring sosial era modern saiki wis sumrambah ana ngendi-endi.

13. Wacanen kanthi patitis!
Jaman mbiyen akeh wong padha ngingu tawon. Biasane kabeh ngingu tawon mung kanggo duwe-duwenan thok. Kandhang tawon jenenge khuthuk, sing digawe saka glugu bunder sing disigar dadi loro. Njerone dikrowaki ben bolong, ya bolongan kuwi sing digawe omahe tawon.

Ukara pitakon sing mathuk karo wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Kapan kandhang tawon diundhuh?
B. Sapa sing duwe kandhang tawon?
C. Kepriye rupane kandhang tawon?
D. Apa jenenge kandhang tawon?

14. Pardi iku bocah kang kerep mblenjani janji, ora bisa digugu omongane. Paribasane ....
A. kriwikan dadi grojogan
B. ngidu didilat maneh
C. golek banyu bening
D. isuk dhele sore tempe

15. Wohe mlinjo sing wis mateng katon abang ....
Tembung saroja kang mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku ....
A. mbranang
B. ijo
C. getih
D. kuning

16. Wacanen tembang pucung iki!
Bapak pucung,
Renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba Si pucung mung turut kutha.

Isi tembang Pucung ing dhuwur yaiku….
A. gajah
B. sepur
C. tasbeh
D. sepedha

17. Gatekno tembang pangkur iki!

Pangkur

Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetap nyawiji,
Nunggaling kang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandhang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.

Gatra kelima tembang Pangkur ing dhuwur guru wilangane cacahe ana …wanda
A. 5
B. 7
C. 10
D. 12

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 18-19!
Raden Janaka satriya panengahing Pandhawa putrane Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti kesatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacat. Ing jagad ora ana tandhingane kebagusane amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.

18. Amanah crita ing dhuwur yaiku ....
A. tuntunaning agama
B. satriya bagus tanpa cacat
C. mujudake tumindak becik
D. ing jagad ora ana tandhingane.

19. Watake Raden Janaka miturut wacan ing dhuwur yaiku ....
A. ala
B. panasbaran
C. angkara murka
D. becik

20. 
Pasangan sing digawe panulisan aksara Jawa ing dhuwur yaiku ….
A. na
B. ma
C. nya
D. pa

21. 
Aksara Jawa iku yen ditulis aksara Latin yaiku….
A. mangsa ketiga
B. mangsa rendheng
C. mangsa panas
D. mangsa udan

22. Ukara ing ngisor iki nganggo ater-ater anuswara yaiku….
A. Sapine dipakani Suradi.
B. Adhike aja koganggu wae!
C. Simbah njabut uwan.
D. Wedhuse dak pakani suket.

23. Wacanen kang patitis
Ing mangsa rendheng akeh pawarta sing dimuat surat kabar, radio, lan televise ngenani bab banjir. Ing Jawa Timur, daerah sing dadi langganan banjir yaiku Bojonegoro, Tuban, Lamongan. Anane banjir amarga dhaerah mau kaliwatan kali Bengawan Solo, sawijining kali kang gedhe lan dawa ing tanah Jawa. Saliyane iku sing nyebabake banjir kejaba udan deres, ing kutha akeh kali sing mambeg amarga gorong- gorong mampet kesumpet larahan.

Isi wacan ing dhuwur sing trep yaiku….
A. Akeh kali sing mambeg amarga gorong-gorong kesumpet larahan.
B. Udan deres Gresik, Tuban, Bojonegoro mesthi banjir bandhang.
C. Gorong-gorong mampet kang didandani ing wayah rendheng.
D. Ana patang kutha kang dilewati kali Bengawan Solo.

24. Wacanen tembang ing ngisor iki!
Negara Indonesia,
Negara kang elok lan edi peni,
Akeh budaya lan suku,
Uga akeh agama,
Agawe bungah lan bombing ing atiku,
Muga lir ing sambekala,
Dimen rakyat bisa mukti.

Guru lagu lan guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku….
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8i, 11u, 8i, 7u, 12a, 8i, 8a
C. 8u, 11a, 8a, 7u, 12a, 8i, 8a
D. 8a, 11u, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

25. Negara kang elok lan edipeni Ukara kuwi ngemu teges….
A. negara kang makmur
B. negara kang endah
C. negara kang sugih
D. negara kang mardika

26. Bapak ndhawuhi Anton,”Le, wis penak kudu disyukuri!
Kadhangkala wong penak kaya sirah…dikepeti.”

Jangkepane paribasan kuwi yaiku….
A. ngelu
B. mumet
C. gundhul
D. puyeng

27. Mubra-mubru blabur madu.
Tegese bebasan kasebut yaiku….
A. Wong kang sarwa kacukupan uripe.
B. Wong sing uripe sarwa kekurangan.
C. Wong ala dipasrahi barang kang aji.
D. Wong kang ora bisa digugu omongane.

28. Pak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk.
Batangane cangkriman kuwi yaiku…
A. ontong gedhang
B. kembang klapa
C. wit gedhang
D. godhong gedhang

29. Gatekna sesorah ing ngisor iki!
Pramila, kita sedaya dados tiyang sepuh kedah tansah waspada lan madosaken lare- lare enom kangge mboten kapikat dhateng pergaulan bebas. Caranipun kaliyan nyukani katresnan, welas asih lan kawigatosan ingkang cekap. Ngajak lare enom komunikasi ing sedaya bab lan ngarahakan lare-lare dhateng bab positif. Tuladhanipun, kanthi ngajak upaminipun kanca-kanca ingkang mbekta pengaruh sae utawi napa kajengipun piyambakipun supados nggayuh prestasi salebeting karya.
Isi sesorah ing dhuwur yaiku….
A. pitutur kangge lare enom
B. prestasine lare enom-enom
C. tiyang sepuh kudu waspada
D. pitutur bab pergaulan bebas

30. Gatekna sesorah ing ngisor iki!
Ingkang kinurmatan Bapak / Ibu Guru lan kanca-kanca seperjuangan ingkang tansah kula bingahaken, sumangga kita sedaya ngunjukaken puji lan syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kula lan panjenengan sedaya kesarasan saha karunia mila kula lan panjenengan sedaya saged kempal sareng wonten ngriki. Shalawat lan salam ugi kula lan panjenengan sedaya ngaturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya tansah dipunparingi syafaatipun mangke wonten dinten akhir.
Bageyan sesorah ing dhuwur yaiku….
A. Purwaka basa
B. Surasa basa
C. Wasana basa
D. Dudutan

II. Wangsulana sing patitis!

31. Wacanen crita rakyat ing ngisor iki!

AJISAKA
Ing sawijining dina dumadakan teka pawongan nom-noman kang jejuluk Ajisaka saka negara Hindustan. Ajisaka dikancani dening abdi loro cacahe, yaiku Sambada lan Dora. Ajisaka teka ing tanah Jawa saperlu arep nyebarake ilmu pengetahuane. Ajisaka lan abdine tindak menyang negara Medhang Kamolan. Ana ing kono Ajisaka pesen marang abdine yaiku Sembada. “Aku sesuk arep tindak menyang Medhang Kamolan, aku titip kerisku, daktinggal ing kene. Keris iki dakpercayakake marang kowe. Sok sapa bae sing nyuwun aja diwenehake. Yen keris iki arep dakperlokake mengko dakjupuk dhewe!” pesene Ajisaka.
Jelasna latar panggonan lan watak paraga (tokoh) kang ana ing crita kasebut!

32. 
Kepriye Latine tembung aksara Jawa ing dhuwur?

33. Wacanen crita ing ngisor iki!
Njaga karesikane lingkungan iku sejatine wis dadi kewajibane saben-saben wong sing urip ing ndonya iki. Nanging saka akehe wong kang urip ing ndonya iki, mung sethithik kang sadhar lan njawa marang pentinge njaga lingkungan supaya tetep resik, asri, lan endah. Ing ngendi-ngendi akeh wong kang malah dadi pamgrusak lingkungan. Kayata sing wis kerep diweruhi yaiku ngguwak larahan (sampah) ing sak sembarange panggon, nebang wit sembarangan, pamburuan liar, lan liya-liyane. Lakon-lakon kaya kuwi mau yen terus-terusan ditindakake bisa gawe ekosistem ing ndonya ora stabil. Akhire nyebabake bencana alam sing ngrugekake. Manungsa, kewan, lan wit-witan sing urip ing njerone ya bakal keganggu. Mula saka iku, awake dhewe kudu sadhar marang pentinge njaga lingkungan wiwit saka barang kang cilik.
a. Apa sing nyebabake kabeh wong nduweni kuwajiban njaga kelestariane lingkungan?
b. Apa bae sing kudu ditindakake wong supaya lingkungan bisa tetep lestari?

34. Mbak Yuni diutus Ibu ngresiki lemari saka awu lan reregetan. Mbak Yuni saiki nggoleki pitik walik saba meja.
Miturut wacan kasebut, tulisen cangkrimane lan terangna batangane!

35. Gawea panutupe pidhato paling sethithik kasusun saka 2 ukara!

Selengkapnya, bagi yang ingin mendapatkan Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SD bisa mendownloadnya melalui tautan link di bawah ini:
Diharapkan Contoh Soal US Bahasa Jawa SD kelas 6 ini dapat bermanfaat untuk membantu pelaksanaan Ujian di tahun pelajaran 2022/2023 mendatang.

Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.