Skip to main content

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 (Genap) 2022/2023

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 (Genap) 2022/2023
Berikut ini adalah Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 sesuai persoalan Asesmen. Artikel ini dibuat untuk memudahkan siswa mencari referensi pembelajaran sebelum menghadapi ujian penilaian tengah semester tahun 2022 di bulan maret sesuai kaldik daerah masing - maisng. 

Berjumlah sebanyak 20 butir berbentuk pilihan ganda, pilihan ganda kompleks (jawaban bisa lebih dari satu), menjodohkan, dan uraian sebagaimana yang diarahkan oleh Kemendikbud.

Lembar ujian PTS Bahasa Jawa kelas X semester 2 disusun berdasarkan kisi - kisi kurikulum 2013. Yang mana pihak guru pun dapat menjadikannya sebagai bahan untuk pembuatan naskah asli di mapel basa jawa tersebut.

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 (Genap) 2022/2023

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 (Genap) 2022/2023

Contoh Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 (Genap) yang admin bagikan di artikel ini kami ambil penyelenggaraan ujian darang di tahun sebelumnya, yang mana penerapan form google sebagai media ujian masih diterapkan.  Oleh karena itu, sebelum mempelajarinya silahkan mencocokkan terlebih dahulu terhadap mater yang diajarkan di tahun pelajaran 2022/2023 sekarang.

Selamat mengerjakan.

Lampiran Pdf  silahkan di cek di bawah artikel

1. Ulenging ketawang puspawarna, kinarya sasmita jengkring sri penganten mijil tepas wangi, tepas mengku werdi papan, ingkang wangi wus hangarani, ateges medal saking panti busana nedya marak wonten ngarsani pun para rawuh ingkang kinurmatan manjing salebeting sasana rinengga.
Pethilan teks ing dhuwur tuladhane panyandra tumrap…..
a. Penganten Kakung
b. Putri Dhomas
c. Patah sakembaran
d. Penganten Putri
e. Satriya Bagus

2. Ing ngisor iki kang kalebu teks sastra yaiku .....
a. Cerkak, geguritan, artikel
b. Panyandra, cerkak, tembang macapat
c. Artikel, tembang campursari, panyandra
d. Geguritan, laporan, cerkak
e. Artikel, laporan, karya tulis ilmiah

3. Ing ngisor iki kalebu jenise basa rinengga kang awujud kasusastran, yaiku .....
a. Parikan, wangsalan, pepindhan
b. Tembung entar, tembung saroja, dasanama
c. Cangkriman, purwakanthi, tembung yogaswara
d. Paribasan, cangkriman, dasanama
e. Tembung rangkep, cangkriman, paribasan

4. Ing ngisor iki paugeran utawa pathokane parikan, kajaba .....
a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho
b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi
c. Ukara sing ngarep minangka isi dene ukara sabanjure kanggo bebuka
d. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho
e. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra

5. Kautamaning sang suba manggala saya ngalela, kacihna lebda ing adi endahing badaya, katitik nggenira mangarsani kirabing panganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing.
Sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Kawurya wadana madhep pandulu tumungkul ing bantala. sakedhap-sakhedap asta angapurancang, anteng jatmika
Tembung pandulu tegese .....
a. Mripat
b. Tangan
c. Sikil
d. Ati
e. Awak

6. Semaken pethilan teks geguritan ing ngisor iki !
Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing para aku ora bakal mati amarga ngelih

Pethilan teks geguritan ing ndhuwur kadunungan jenise basa rinengga .....
a. Purwakanthi guru swara
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi guru basa
d. Parikan
e. Wangsalan

7. Semaken pethilan teks tembang campursari ing ngisor iki !
Klapa mudha enak e kanggo rujakan
Leganana aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus takanti-anti
Ngusadani wong kangen kang antuk jampi

Jenise basa rinengga kang katon ing pethilan tembang campursari ing dhuwur yaiku .....
a. Parikan lan purwakanthi swara
b. Wangsalan lan purwakanthi swara
c. Cangkriman lan wangsalan
d. Parikan lan wangsalan
e. Dasanama lan parikan

8. Samubarang panggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane, iku paribasane .....
a. Mikul dhuwur mendhem jero
b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
c. Kalah cacak menang
d. cacak Entek ngamek kurang golek
e. Lahang karoban manis

9. Watake wong enom kang grusa-grusu kurang petung, iku paribasabe ..…
a. Kebat kliwat gancang pincang
b. Kaduk wani kurang deduga
c. Kalah cacak menang cacak
d. Kadang konang
e. Kacang mangsa ninggal lanjaran

10. Sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet, iku paribasane …..
a. Yitna yuwana mati lena
b. Madu balung tanpa isi
c. Sluman slumun slamet
d. Ulat madhep ati karep
e. Kadang konang

11. Ing ngisor iki kalebu karakteristik teks sastra, kajaba ..…
a. Nduweni sifat imajinatif
b. Nduweni makna konotatif
c. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca
d. Nuwuhake kesan logis ing batine sing maca
e. Nyentuh ing rasa

12. Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane, iki paribasane ..…
a. Durung pecus keselak besus
b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
c. Kalah cacak menang cacak
d. Entek ngamek kurang golek
e. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh

13. Tembung-tembung Ing ngisor iki kang kalebu tembung yogaswara, yaiku …..
a. Wira wiri
b. Lumebeng
c. Dewa dewi
d. Ayem tentrem
e. Padhang jagade

14. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula Welingku mring para mudha, ....
Ganepe kang trep parikan kasebut yaiku …..
a. Aja seneng tumindak ala
b. Aja wedi ing rekasa
c. Aja sakarepe dhewe
d. Aja sak senengmu dhewe
e. Aja ninggalake tatakrama

15. Rerenggan janur kuning kang ana ing gapuraning pahargyan upacara adat temanten Jawa nduweni pasemon …..
a. Nyuwun wonten ngarsanipun Gusti, mugi tansah paring nur cahya kawilujengan, tinebihaken mring sukerta
b. Mugi penganten sarimbit manggih gesang mukti wibawa mulya luhur budinipun pindha narendra
c. Menawi anggadhahi gegadhangan punika kedah limpahan kanthi kencenging pikir
d. Sadaya gegayuhan kedah ginayuh kanthi antebing kalbu ing pangajab sageda manggih gesang ingkang eca sarwi sekeca
e. Mugi ing tembe tansah kacekapan ing boga saha mugi tansah kacekapan sandhang panganipun

16. Gatekna pratelan ing ngisor iki.
Temtokna bener utawa salah ing kolom sing wis disediakake kanthi menehi tanda ( v ) !


17. Kang kalebu purwakanthi guru basa ing ngisor iki yaiku …..

(Wangsulane/jawabane ana 3)
🗌Ana awan ana pangan
🗌Asung bekti, bektine kawula marang Gusti
🗌Bobot, bibit, bebet
🗌Rujak degan, degane kambil ijo
🗌Mangan ati, atine sing kelara-lara

18. Gatekna pratelan ing ngisor iki.
Tentokna bener utawa salah ing kolom sing wis disediakake kanthi menehi tanda ( v ) !



19. Pitakonan nyocokake (menjodohkan) paribasan.
Gatekake pratelan 1 lan pratelan 2 ing ngisor iki !
Tentokake pasangan pratelan 1 saka pratelan 2 kanthi bener / trep !

Gatekna teks Panyandra Temanten ing ngisor iki!
Panyandra Kirab Kananrendran
Kumandhange Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra ingkang ngrenggani sasana pahargyan, nun inggih rampak runtut swarane angayut-ayut, lah menika wau swaraning pradangga, ambahar Ketawang Langen Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring pawiwahan, inggih sang pinanganten kekalih, ingkang asra kirab, nuladhani endahing budaya, adi luhunging kagunan, luhuring kagunan.
Sinten ta ingkang sinaraya anawung kridha minangka pangarsaning lampah ingkang sinebat Suba Manggala. Satuhu menika panjenenganipun Bapak Siswa Sutarno. Dhasar dedeg pidegsa apangawak prabata, sembada ing driya tan amingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika timure mula anggung ginunggung ginanggala ingulig marang pepayuning kautamen, mila mboten nama mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka Suba Manggala, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita, sopan santun anoraga.

20. Basa kang digunakake jroning teks Panyandra ing dhuwur, dituduhake ing tabel yaiku nomer …..

Jawaban :
  • Soal PTS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 2 versi 1 (AKM): DOWNLOAD
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.