Skip to main content

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Tahun 2023

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Tahun 2023
Berikut ini adalah Soal Ujian Sekolah (US) mata pelajaran Bahasa Jawa atau Basa Jawa Kelas 9 SMP sebagai bahan pembelajaran menghadapi penyelenggaraan US Tahun Pelajaran 2021/2023 yang diadakan berdasarkan Kalender Pendidikan Nasional yaitu di bulan april awal.

Jumlah keseluruhan adalah 45 butir pilihan ganda dan essay, seperti format penulisan naskah asli US Bahasa Jawa SMP sebagaimana mestinya. Selanjutnya, Central Pendidikan juga membagikan lampiran PDF yang berisikan dua variasi berkas dengan isi berbeda.

Tujuannya sangat jelas yaitu bapak/ibu guru dapat menambahkan model soal unik untuk menyusun lembar ujian sekolah Bahasa Jawa SMP sesuai kisi - kisi Kurikulum 2013 resmi Kemdikbud.

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Tahun 2023

Contoh Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Tahun 2023

Sebagaimana yang diketahui bahwa, contoh latihan Soal Ujian Sekolah US Bahasa Jawa Kelas 9 SMP Kunci Jawaban berasal dari Arsip dari ujian sekolah daring satuan pendidikan SMP tahun sebelumnya.


Penyelenggaraan Ujian Sekolah diserahkan kepada lembaga masing-masing dan tetap berkoordinasi dengan pengawas, MGMP mapel Bahasa Jawa, dan dinas pendidikan. Pasalnya hasil dari ujian ini nantinya akan menentukan kelulusan siswa (beberapa persen). 

Jadi diharapkan siswa benar-benar serius saat mengerjakannya.

File PDF + Bonus Prediksi + Jawaban berada dibawah soal online berikut ini

Selamat mengerjakan..

1 SMP Negeri 1 Blitar, hawane seger banget. Kuwi mau amarga ing saben panggonan akeh tetanduran.
Godhonge katon ijo royo. Kembang-kembang padha mekar nambahi endahe sesawangan. Kahanan dadi kaya ngono mau, amarga siswa saben kelas gonta-ganti nyirami tanduran.
Saka wacan kasebut, sing nuduhake tembung lingga yaiku .... 
a. siswa
b. hawane
c. tanduran 
d. nyirami

2 SMP Negeri 
1 Blitar, hawane seger banget. Kuwi mau amarga ing saben panggonan akeh tetanduran.
Godhonge katon ijo royo. Kembang-kembang padha mekar nambahi endahe sesawangan. Kahanan dadi kaya ngono mau, amarga siswa saben kelas gonta-ganti nyirami tanduran.
Kang kalebu wujude tembung dwilingga wantah saka wacan ing ndhuwur yaiku…
a. tetanduran 
b. godhonge
c. kembang-kembang 
d. gonta-ganti

3 Wacanen geguritan iki :
( Dening : Niwayan Ramamandiah ) Aku wis kesel, sayah
Ora duwe daya
Saka polake wong kang njarah sliramu
Awit dheweke
Nganggep sliramu
Kaya tinggalane wong tuwane
Lali marang warisan kanggo putra wayahe
Karia slamet alasku…
Kang dak tresnani
Aku wis ora kuwawa ngayomi sliramu

Tema kang trepkagoo geguritan kasebut yaiku....
a. lingkungan alam
b. kerja bakti
c. kegiatan nyata
d. katresnan ibu

4 Gatekna tembang kreasi iki : 
Prau Layar
Yo kanca ing gisik gembira 
Alerap lerap banyune segara 
Angliyak numpak prau layar
Ing dina Minggu keh pariwisata
Alon praune wis nengah
Pyak pyuk pyak
Banyu ninelah
Ora jemu-jemu karo mesem ngguyu
.......................................................... Adhik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kelapa katon ngawe awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk

Tumandang nyambut gawe
a. Ngilangake rasa lungkrah lesu
b. Ngilangake wong kang lagi nesu 
c. Ngilangake awake sing lesu
d. Ngilangake rasa seneng seru

5 Habibie minangka putra Indonesia kang kawasisane diakui dening bangsa manca. Sawise paripurna anggone kuliah, piyambake ora langsung balik menyang Indonesia ananging makarya dhisik ing perusahaan gawe montor mabur ana Jerman Barat. Karir Habibie lancar amarga kawasisane lan bisa dadi wakil direktur ing bidang teknologi. Habibie uga minangka wong Asia kang kapisan nduweni jabatan penting ing perusahaan gawe montor mabur ing perusahaan pesawat terbang ing Eropa. (http://wikipedia.com)
Kang bisa dituladhani saka wacan profil BJ. Habibi kasebut, yaiku ...

a. Bisa nyambut gawe ing manca. 
b. Misuwur ing negara liya.
c. Prestasi lan karier-e kang apik.
d. Bisa gawe montor mabur

6 Gatekna tembang macapat iki : 

Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur kojur sayekti tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Tembang kasebut kalebu tuladhane tembang .... 
a. Pucung
b. Gambuh
c. Pangkur
d. Dhandhanggula

7 Gatekna tembang macapat iki : 
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara 
Akarana karenan mardi siwi 
Sinawung resmining kidung 
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Guru gatra , guru wilangan, lan guru lagu tembang kasebut, yaiku …
a. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 
b. 7a, 11i, 7a, 12i, 8a, 8i
c. 8a, 12i, 8u, 7a, 11u, 8i, 8i 
d. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8u, 8i

8 Gatekna wacana iki :
“Ing desa kang adoh saka kutha, ora ana swara brebeg montor utawa kendharaan masia cedhak saka pasar. Wong-wong padha menyang pasar utawa sawah ana sing numpak sepedha utawa mlaku. Ing pinggir desa kono ana omah reyot kang dienggoni karo wong loro. Mbok Suriah sing umure 60 taun lan anake lanang siji umure 23 taun. Mbok Suriah lara-laranen. Sapta anake mung nganggur ora duwe pegaweyan.”

Perangan teks crita cekak kasebut nuduhake struktur teks ...
a. orientasi
b. komplikasi 
c. resolusi
d. koda

9 Gatekna wacana iki :
“Aku ora kuwat. Aku titip anakku. Sikilku lara ketindhih wit gedhe iki. Aku titip anakku, ya Cil.” kandhane Wedhus. “Kowe aja kaya ngono Wedhus. Ayo semangat, kowe kuwat. Kowe bisa. Aku arep golek kanca liyane supaya bisa nulung kowe.” pituture Kancil.
Ora suwe kancil teka karo Gajah. Gajah loro kanthi alon nyurung wit sing nindhihi awake Wedhus. Akhire wedhus bisa uwal, senajan ora bisa mlaku.

Teks kasebut kalebu ....
a. Legenda 
b. Mite
c. Sage
d. Fabel

10 “Bu Kirtya bingung anggone ngopeni lan nyekolahake anake. Kanggo mangan saben dinane wae, mesthi golek utangan.Kepriye ora bingung ? Lha wong anake Bu Kirtya 13. Bu Kirtya ora nyambut gawe, mung ngopeni anake sing isih cilik-cilik. Bojone, Pak Sanjaya mung kuli angkut.”
Saka perangan crita ing dhuwur, paribasane ... 
a. Kebo nusu gudel
b. Kebo kabotan sungu 
c. Asu arebut balung
d. Asu belang kalung wang

11 Gatekna pacelathon iki :
Rossa : “Assalamualaikum, sugeng siyang Bu Rudy”.
Bu Rudy : “Waalaikumsalam, sugeng siyang”.
Rossa : “Nuwun sewu Bu, kula Rossa saking kelas VIII.9 SMP 6, Malang”.
Bu Rudi : “Iya, ana apa?”
Rossa : “Matur nuwun, Bu. Ngapunten kula badhe ngganggu sekedhap. Kula badhe nyuwun pirsa
bab hidroponik, menapa kepareng?”
Miturut struktur teks wawancara, cuplikan teks wawancara kasebut kalebu ... . 
a. pambuka
b. isi
c. panutup 
d. dudutan

12 Gatekna pacelathon iki :
Irna : “Kula kinten, cekap semanten rumiyin, bilih mangke wonten kirangipun kula sowan
malih mboten menapa, Bu?”
Bu Ranti : “ ...”
Gita : “Inggih Bu, sampun maghrib kula nyuwun pamit. Matur nuwun sanget bantuwan Bu RT
kagem nambah wawasan kula bab kewajiban warga”.

Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut, yaiku ... .
a. “Saben wulan dianakake pertemuan warga”.
b. “Bab apa wae sing arep ditakokake?”
c. “Ing kene ana tata tertib kanggo mertamu”.
d. “Ya, oleh wae. Yen pancen prelu, mrenea”.

13 
Iklan kasebut manut tujuwane kalebu iklan ....
a. non komersial 
b. komersial
c. barang
d. jasa

14
Gambar iklan iku kalebu jenise iklan.... 
a. komersial
b. barang 
c. hiburan
d. pendidikan

15 
Layang kasebut tuladhane layang ....
a. paturan 
c. lelayu
b. kitir 
d. silaturahmi

16 Kanggo kancaku Meity
sing daktresnani Malang, 2 Maret 2019(2)
ing Surabaya(1)

Assalamualaikum wr. wb
Salam kangen,
Kanthi layang iki aku menehi kabar yen aku lan keluwargaku diparingi sehat waras. Muga-muga Meity lan keluwarga ya diparingi sehat kuwat.(3)
Met, ibu lan bapakku Juni mengko arep sowan menyang eyang ing Rungkut. Aku kepingin ndherek amarga aku kangen karo Meity. Aku kepingin dolan bareng karo Meity ing Kenjeran. Muga-muga Meity ora ana acara yo. Aku kepingin mangan lontong kupang lan tuku iwak asin ing kana. Muga -muga Meity ora ana acara yo.(4)
Meity, cukup samene wae yo layang saka aku, nganti mengko ing dina preian.(5) Wassalamualaikum wr. wb

Saka kancamu(6)
Antin (7) Asti (8)

Teks layang sing nuduhake wasana basa yaiku ....
a. 3
b. 4
c. 5
d. 7

17 “Rudi Haryono lunga menyang pasar. “
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa, mbutuhake aksara Murda … .
a. Ra 
b. Da 
c. Ya 
d. Na

18 Gatekna aksara Jawa iki :


Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara latin kang trep unine, yaiku …
a. Lina nyapu mesjid. 
b. Lani nyapu mesjid. 
c. Sani nyapu latar.
d. Sari nyapu latar.

19 Gatekna aksara Jawa iki :


Yen katulis mawa tulisan latin, yaiku …
a. Pak Somad takmir mesjid kono. 
b. Pak Suratno takmir mesjid iku.
c. Pak Suradi takmir mesjid iku.
d. Pak Sunarto takmir mesjid kono.

20 Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!


Pangganggone angka Jawa kang bener, manggon ing nomor … .
a. 1, 2 lan 4 
b. 1, 2 lan 5
c. 2, 3 lan 4 
d. 2, 3 lan 5

21 “Godhong sukun bisa nglarutake watu ginjel lan purin kang meneb ing jero ginjel. Saliyane kuwi godhong sukun iya bisa nglarutake kotoran-kotoran sing ana jero ginjel, dibuwang metu bebarengan banyu seni. Dadi godhong sukun iya kanggo nglancarake seni lan ngresiki ginjel.”
Miturut struktur teks palapuran asil observasi perangan kasebut kalebu... a. pambuka
b. isi
c. panutup d. dudutan

22 
Bedane perangan laporan hasil observasi Teks I lan Teks II yaiku ...
a. Teks I, Pambuka amarga isine njelasake akibate sampah plastik; Teks II Isi amarga njelasake pangertene sampah
b. Teks I Isi amarga njelasake akibate sampah plastik; teks II Pambuka amarga njelasake pangertene sampah
c. Tek I Panutup amarga isine ngenani manfaat sampah; teks II Pambuka amarga njelasake ngenani pangerten
d. Teks I Pambuka amarga njelasake pangertene sampah; teks II Panutup amarga njelasake manfaat sampah

23 “Wastafel iku panggonan kanggo wisuh tangan. Ana cekungan/bak sing kanggo nggrojoge banyu lan ana krane.”

Isine teks iku yaiku ...
a. Wastafel sing ana ing sekolah.
c. Wastafel sening bener lan apik.
b. Guna lan manfaate wastafel. 
d. Pangertene lan titikane wastafel.

24 Gatekna wacana iki :
Jahe kalebu jinise tanduran empon-empon. Akeh wong Indonesia kang nandur jahe, amarga jahe bisa ditandur ing daerah tropis. Akeh wong kang nliti gunane jahe saliyane kanggo bumbu masakan.
(Sumber: Jayabaya)
Struktur teks palapuran asil observasi kasebut isine ngenani ... . 
a. pambuka
b. isi
c. panutup 
d. dudutan

25 “Swarane jaran padha beker, playune banter banget, swarane pedhang lan gaman pating klontheng.”
Pranyatan iku nuduhake unsur intrinsik .... 
a. alur
b. latar
c. watak 
d. amanat

26 Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang supaya bisa tetepungan karo salah siji utawa kabeh Nawang.
Jaka Tarub : Slendhang iki wae wis sing dakjupuk...!
Para Nawang banjur padha mentas lan njupuk slendhange dhewe-dhewe. Nawang Sekar : Ayo ndang padha bali sesuk mrene maneh
Nawang Wulan : Loh endi slendhangku...(bingung tolah-toleh lan katon susah) Nawang Lintang: Mau kokseleh ing endi Nawang Wulan?
Nawang Sari : Apa ana manungsa sing njupuk slendhangmu Nawang Wulan? Nawang Lintang: Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.
Nawang Sekar : Piye iki langit wis arep peteng, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup. Nawang Lintang: Yen ngono kowe keri wae golekana slendhangmu
Para Nawang padha mabur menyang kahyangan.

Saka pethikan crita iku, sing nuduhake konflik yaiku ...
a. Nawang Sari adus ing tlaga
b. Jaka Tarub ketemu Nawang Wulan
c. Nawang Sekar ketemu jodhone
d. Nawang Wulan kelangan slendhang

27 Gajah Mada : Paman Patih Harya Tadah..mangga..katuran pinarak!
Patih Harya Tadah : Sajak kaget aku teka ing papanmu
Gajah Mada : Wanci dalu paman rawuh, kamangka paman taksih gerah,mboten wonten ingkang ndherekaken.
Patih Harya Tadah : Mada, larane ragaku ora sepira ketimbang kahanane Majapahit..yo bengi iki wektu sing becik kanggo ndandani Majapahit

Pranyatan sing bener manut wacan drama iku yaiku...
a. Patih Harya Tadah ora ana sing ngancani.
b. Kahanane Majapahit tata tentrem kerta raharjo.
c. Gajah Mada seneng banget Patih Harya Tadah rawuh. 
d. Rawuhe Patih Harya Tadah wektu sore.

28 “Pungkasaning crita Damarwulan kasil ngalahake Adipati Menak Jingga saka Blambangan.
Damarwulan uga kasil ngatasi prakara Layang Seta lan Layang Kumitir kang arep ngrampas bebana kang wus dijanjekake Ratu Ayu Kencana wungu. Wiwit saka kuwi wis ora ana gegeran maneh antarane Majapahit lan Blambangan. Minangka bebanane, Damarwulan krama karo Ratu Ayu Kencana Wungu lan dadi ratu ana ing kraton Majapahit kanthi gelar Prabu Brawijaya. Prabu Brawijaya lan ratu Ayu Kencana urip mukti wibawa atut runtut lan ngembani kraton Majapahit kanthi adil wicaksana. Kraton Majapahit dadi kraton kang gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja.”

Pethikan teks drama ing dhuwur kalebu perangan .... 
a. Prolog
b. Epilog
c. Monolog 
d. Dhialog

29 Gatekna urutan iki : 
Wosing paranatacara Panyapa
Salam Pambuka
Panutup
Salam Panutup
Pambuka

Urutan struktur teks pewara kasebut kang bener yaiku ….
a. 1 , 3 , 2 , 6 , 5 , 4
b. 2 , 6 , 3 , 1 , 5 , 4
c. 3 , 2 , 6 , 1 , 4 , 5
d. 3 , 6 , 2 , 1 , 4 , 5

30 Gatekna wacana iki :
Langkung rumiyin ,sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kita sedaya arupi kasarasan saengga kita sedaya saged kempal wonten panggenan menika.
Struktur teks pidhato kasebut kalebu ….
a. salam pambuka 
b. pambuka
c. panutup
d. isi

31 “Mugi-mugi kita saged njagi lingkungan ingkang asri punika saengga ndadosaken kita krasan.”
Perangan teks pidhato kasebut diarani .... 
a. purwaka
b. dudutan
c. panutup 
d. pangajab

32 Panyapa ing pidhato, diwiwiti saka wong sing pangkat/jabatane dhuwur nganti ngisor. Tuladhane panya sing bener yaiku ...
a. Ingkang kula tresnani para kanca, ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, Bapak Wali Kota, saha para rawuh sedaya.
b. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, Ibu Kepala Sekolah saha Kepala Dinas Pendidikan
c. Ingkang kinurmatan Bapak Wali Kota Malang, Kepala Dinas Pendidikan, Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru
d. Ingkang Kinurmatan Dewan Juri, Bapak Wali Kota, Bapak/Ibu Guru, Kepala Sekolah, Kepala Dinas pendidikan

33 Gatekna pacelathon iki :
Nalika ing omahe Marni, Bu Brata nyedhaki garwane matur yen arep ngangkat Marni dadi putrane amarga wis suwe Bu Brata lan Pak Brata ora kagungan putra.
Bu Brata :“Ndhuk, kowe urip lola ta,ibu lan bapak arep ngepek kowe dadi putrane bapak lan
Ibu.Gelema ya ndhuk kowe dakanggep anakku dhewe”
Marni :“Kula purun Bu, nanging napa ibu lan bapak kersa ngangkat anak kados kula?”
Bu Brata :“Iya ndhuk, kowe manuta kersane ibu lan bapak wae.
Marni :“Matur nuwun sanget nggih Bu.”

Saka cuplikan drama kasebut, latar panggonane yaiku … .
a. panti asuhan 
b. omahe Marni
c. omahe Bu Brata
d. sng sekolahan

34 
Saka pethikan teks drama kasebut, latar panggonane yaiku ....
a. Bank BRI 
c. Ing trotoar
b. ing prapatan 
d. ing kutha

35 “Improvisasine paraga iku apik banget”. Tegese “improvisasi/spontanitas” ing drama yaiku ....
a. Obahing paraga kanthi dadakan manut kahanan ing panggung
b. Obahing paraga saka panggonan siji menyang liyane ing panggung 
c. Patrap (tingkah laku) sing ditindakake paraga ing panggung
d. Pamilihan paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama

36 1. Muraha regane ya tetep ora bisa tuku !
2. Tukua ing cedhake pasar wae !
3. Budhala rada isuk aku ora telat!
4. Kirima layang yo!
5. Akeha dhuwitku kowe taktraktir baksone Pak Sakur!
Saka ukara kasebut, sing nduweni teges “umpama” yaiku ....
a. 1 lan 2 
b. 1 lan 3
c. 2 lan 4 
d. 3 lan 5

37 1. Ibuku tindak Raja Ampat
2. Wingi adhiku lara amarga kodanan
3. Bapak mundhut tanduran ing Batu.
4. Dina adus banjur budhal
5. Bapak maculi lemah dene ibu nandur kembang.

Saka daftar ukara iku sing kalebu ukara andharan yaiku .... 
a. 1 lan 2
b. 1 lan 3 
c. 2 lan 4
d. 3 lan 5

38 1. Bapak ora tindak akntor amarga ibu gerah.
2. Lisa ndeleng TV lan adhik maca buku..
3. Aku sarapan sawise adus.
4. Bapak ora tindak kantor amarga gerah.
5. Aku lagi dolanan dene bapak mirsani TV.

Saka daftar ukara iku, sing kalebu tuladhane ukara camboran sejajar yaiku ....
a. 1 lan 4
b. 2 lan 3 
c. 2 lan 5 
d. 4 lan 5

39 Gatekna struktur iki :
Salah siji perangan struktur teks isi yaiku rantaman kegiatan. Tuladhane rantaman kegiatan yaiku .... 
a. “Peduli Marang Karesikan Lingkungan”
b. Rabu, 20 Maret 2019 jam 13.00 ngresiki papan wudlu 
c. Nglatih siswa mandhiri lan tanggung jawab
d. Muga-muga para siswa tetep bisa peduli marang lingkungan

40 Dhasare Panemu
Masa Orientasi Siswa (MOS) minangka sawijining kegiyatan kang dianakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar. MOS didadekake wadhah kanggo ngladhi pikiran(mental), dhisiplin lan tali paseduluran. Uga sarana tetepungan siswa marang lingkungan anyar ing sekolah kasebut. Tetepungan marang siswa anyar, kakak kelas, guru, karyawan, kegiyatan lan kahanan ing lingkungan.
Ancas Kegiatan
nepungake lingkungan fisik
nepungake piranti(komponen) sekolah:norma,budaya,aturan,tata tertib lly nepungake bab keorganisasian
nepungake marang kegiyatan
ngarahake sajrone milih kegiyatan ekstrakurikuler
nuwuhake spiritual, budi pekerti,tanggung jawab,disiplin,tepa slira

Perangan laporan kasebut nuduhake perangan ....
a. pambuka 
b. isi
c. panutup 
d. dudutan

Jawaben kanthi bener !

41 Sadurunge nggawe laporan kegiatan kudu nglakokake kegiatan dhisik. Kegiatan sing arep ditindakake yaiku “Peduli marang Karesikan Papan Pangibadah”. Nggawea 2 ancas/tujuan kegiatan saka kegiatan kasebut!

42 Gatekna ukara-ukara iki, lan kalebu ukara andharan, lan camboran apa?
Bapak lagi mirsani TV lan ibu siram. Aku kudu bisa nggarap ujian iki.
Mengko sore aku ana tambahan pelajaran Matematika
Kowe aja tuku jajan ing njaba, amarga durung mesthi sehat. Aku adus banjur budhal sekolah.

43 Cara sing bisa dilakokake yaiku, nguras bak tandon banyu, nutupi kabeh barang sing bisa kaiisi banyu lan ngubur kabeh barang sing bisa kanggo ngedhoge nyamuk. Cara liyane yaiku kanthi fogging utawa pengasapan. Menawa kabeh cara bisa ditindakake warga, demam berdarah bisa dicegah. Jlentrehna/jelasna isi cuplikan teks asil observasi kasebut!

44 Ukara iki salinen nganggo basa krama inggil!
Cukup samene sing bisa taksampekake. Aku njaluk pangapura yen ana salah.

45 Ukara iki tulisen nganggo aksara Jawa !
Marni maringi tanduran 17 ing mesjid..

Selanjutnya, untuk mendapatkan Soal US Bahasa Jawa SMP. Silahkan mengunduhnya melalui tautan yang kami sediakan di bawah ini.
Paket #1 Paket #2 (Kunci Jawaban)

Demikian artikel tentang Contoh Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMP dan kunci jawaban. Semoga bermanfaat bagi peserta didik dan guru mapel yang bertugas. 
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.