Skip to main content

Soal UAS/PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2023/2024, ONLINE

Soal UAS/PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2023/2024, ONLINE
Centralpendidikan.com | Pada kesempatan kali ini, kami akan membagikan contoh soal latiha Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 Tahun Pelajaran 2023/2024 ONLINE. Yang bisa kamu gunakan sebagai referensi dalam pembuatan naskah soal asli yang bakalan diujikan kepada anak didiknya kelak.

Keseluruhan soal berjumlah 50 butir, dalam pemformatan soal pilihan ganda. Dan juga soal PAS Bahasa Jawa kelas 8 ini bisa kamu pelajari secara online dan langsung di dalam postingan kami.

Soal UAS/PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2023/2024, ONLINE

Soal PAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1

1 Aku duwe kanca, jenenge Miko. Miko umure udakara 14 taun padha karo umurku. Dedege gedhe dhuwur, praupane ireng manis memper selebritis. Miko putrane wong nduwe, mula saben dina mesthi diter lan dipapag rodha papat, beda karo aku sing budhal lan mulih mancal onthel. Miko putrane wong nduwe, bapake anggota DPR ing kutha kene dene ibune pegawe ing Dinas Pendidikan dadi ing bab kebutuhan apa wae mesthi kacukupan. Beda karo aku sing mung anake wong tani, najan bapak lan ibuku tani nanging aku ora tau rumangsa minder. Gusti Allah iku adil, aku diparingi kapinteran mula saben taun aku mesthi juwara siji ing kelas.

Pesen moral saka pethikan crita kasebut, yaiku... 
a. Yen golek kanca, luwih apik bocah sing sugih 
b. Yen sugih, budhal sekolah bisa numpak mobil. 
c. Ora perlu minder karo kahanane wong tuwa.
d. Kita bisa nyuwun kapinteran lan kasugihan.

2 “Ing desa kang adoh saka kutha, ora ana swara brebeg montor utawa kendharaan masia cedhak saka pasar. Wong-wong padha menyang pasar utawa sawah ana sing numpak sepedha utawa mlaku. Ing pinggir desa kono ana omah reyot kang dienggoni karo wong loro. Mabok Suriah sing umure 60 taun lan anake lanang siji umure 23 taun. Mbok Suriah lara-laranen. Sapta anake mung nganggur ora duwe pegaweyan.”

Perangan teks kasebut, kalebu struktur teks...
a. orientasi 
b. komplikasi 
c. resolusi 
d. koda

Wacana kanggo pitakon nomer 3
Gusti Maha Welas

Wis rong sasi Mbok Wiro lara. Jare dokter, Mbok Wiro lara merga akeh anggone mikir. Pawarta kuwi krungu nganti kupinge Pak Lurah. Mbok Wiro mung bisa nangis nalikane Pak Lurah lan garwane takon apa kang dadi pikire.Mripate Mbok Wiro kekembeng luh. Pak Lurah lan bu Lurah melu sedhih ndeleng kahanane Mbok Wiro, merga saksuwene iki mbok Wiro ora tahu sambat lan kalebu wong kang sabar banget nglakoni kauripane kang angel. Semono ugo Marti, anake sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep.Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene. Bu Lurah nakoni Marti babagan apa kang sabenere sing dadi pikire Mbok Wiro.

Tangise Marti tansaya ndrodos. Karo nangis dheweke crita yen dheweke ora oleh melu ujian merga urung mbayar SPP wis petang ulan lan urung mbayar ujian kang akehe petang atus pitung puluh ewu rupiyah. Sabanjure, Marti mlayu mlebu njero omahe merga isin marang Bu Lurah lan Pak Lurah. Pak lurah lan garwane mung bisa nyawang Marti sedhih.

Sesuke, Marti kaget banget nalikane ngerti gurune teka ing omahe. Dina iku Marti disusul kanggo melu ujian. Marti mung nyawang gurune ninggalke pitakonan gedhe ing pucuk mripate. “Kabeh SPP lan biaya ujianmu wis dilunasi karo Pak Lurah. Dadi, kowe ora usah khawatir, saiki gantinen klambimu karo seragam lan melu Pak Guru menyang sekolah kanggo ujian.”

Sanalika iku Marti ngadep kiblat. Awake rubuh sujud syukur marang Gusti kang Maha Welas

3 Tema kang ana ing sajroning crita, yaiku....
a. babagan pendidikan
b. babagan katresnan 
c. babagan ketuhanan
d. babagan budaya

4 “Bapak ibune mung sawang-sawangan nalika krungu cita-citane anake sing kepingin dadi dokter. Iku mau diomongake anake wektu ketemu karo wong sing mbantu ngragati anake sekolah. Ibune mbatin “Apa bisa ya aku ngragati anakku. Aku mung buruh pabrik. Bapake ya mung kuli bangunan. Wis embuhlah...pasrah. Kepriye carane Sing Kuwasa ngatur.”

Ora disangka ora dinyana. Amarga sinau lan ndonga kanthi tenanan. Anake bisa kuliah ana ing kedokteran kanthi beasiswa.”

Pesen moral sing bisa dijupuk saka pethikan teks kasebut, yaiku ... 
a. Kita kudu golek cara lan kudu kuliah kanggo nggayuh cita-cita.
b. Kuliah sing dhuwur supaya bisa nggayuh cita-citane lan bisa kerja sing penak.
c. Dadi wong tuwa kudu bisa ngragati biaya kuliahe anake, aja njagakne wong liya. 
d. Apa-apa sing ora mungkin,bisa kelakon amarga usaha sing tenanan.

5 Swarane jangkrik sing banter ora kalah banter karo swarane ibune Danti sing duka amarga Danti ngeyel kepingin urip bareng karo Bagas. Ibune Danti karo mbanting koran banjur mlebu menyang njero omah. Sadurunge, karo lelungguhan ing teras ngarep omahe, Danti crita marang ibune yen dheweke arep rabi karo Bagas sing asale teka Ngawi. Ibune ora marengake amarga yen wong Magetan rabi karo wong Ngawi akeh pepalange. Ibune Danti ora marengake amarga Danti anak mbarep.

Latar sing saka pethikan crita iku yaiku ....
a. Esuk, tegang, ing teras 
b. Awan, tenang, ing teras 
c. Sore, bingung, ing teras 
d. Bengi, tegang, ing teras
6 Supardi mung bisa ambegan landhung. Dheweke rumangsa dosa karo keluwargane. nanging apa sing bisa ditindakake? Dheweke tau nemoni Kepala Bagian Penerimaan Pegawai, malah diguyu, merga pancen sing diperlokake iku lulusan ekonomi. Sejene ngono, sing nitip ya wis akeh, sing lumrahe wong-wong gedhe sing duwe panguwasa ing kabupaten. Supardi mlengak, jare sing dititipake ana rong puluh kamangka sing bakal ditampa mung wolu. Mulane bengi iku Pardi mung tansah klisikan ora bisa turu. Bingung!!!

Latar wektu sing ana ing pethikan crita dhuwur yaiku .... 
a. Esuk 
b. Awan 
c. Sore 
d. Bengi

7 Esuk iki kaya biasane Miko yen sekolah mesthi diterake rodha papat nanging cahyane ora sumringah kaya wingi uni. Batinku iki mesthi amarga perkara hp wingi.

“Mik, mbesengut ae…mesem ta” kandhaku karo njawil lengene Miko. Miko mung meneng wae karo mesem kecut.

“Mik, endi HP-mu aku ajari HP-an?” pitakonku semu ngece Miko.

“Aku ora nggawa hp To, aku bakal dadi bocah sing manut, sing ora nerak tata tertib sekolah. Aku wedi yen solah bawaku, tindak tandukku gawe wirange wong tuwaku” kandhane Miko. 

Pancen wangsulan sing kaya mengkene iki sing dakkarepake saka Miko. Saiki Miko wis ora pethitha- pethithi maneh. Najan dheweke anake wong nduwe nanging ora sombong, ora mamerake kasugihane. Najan aku anake wong ora nduwe nanging dheweke gelem kekancan raket karo aku. Muga-muga kekancananku lan Miko bisa langgeng selawase. Amin

Pranyatan sing bener miturut perangan cerita cekak kasebut yaiku ... 
a. Yen nerak tata tertib sekolah. bisa gawe wirange wong tuwa
b. To pingin Miko dadi kancane ana ing sekolahan 
c. Najan anake wong ora duwe Miko ora sombong 
d. Miko sedhih amarga BB ne disita karo gurune

8 “Supaya bathine luwih akeh, Pak Satir nitipake bebathene sing ditampa menyang mantune.

Mantune uga langsung kirim dhuwit nyang Jakarta. Luwih akeh modhal kang disetor mesthi bakal luwih akeh „SHU‟ne sing bakal ditampa Pak Satir. Yen ngene terus, sida dadi jutawan tenan Pak Satir mengko.”

Pranyatan sing bener miturut wacan iku yaiku ...
a. Pak Satir dadi jutawan, amarga Pak Satir bathine akeh saka koperasi. 
b. Dhuwit sing disetor Pak Satir luwih akeh ketimbang SHU ne.
c. Dhuwite Pak Satir disimpen dening mantune dhewe
d. Pak Satir nitipake kabeh dhuwite supaya oleh bathi akeh
9 “Ing desa kang adoh saka kutha, ora ana swara brebeg montor utawa kendharaan masia cedhak saka pasar. Wong-wong padha menyang pasar utawa sawah ana sing numpak sepedha utawa mlaku. Ing pinggir desa kono ana omah reyot kang dienggoni karo wong loro. Mabok Suriah sing umure 60 taun lan anake lanang siji umure 23 taun. Mbok Suriah lara-laranen. Sapta anake mung nganggur ora duwe pegaweyan.”

Pranyatan sing bener miturut wacan iku yaiku ...
a. Kahanan keluwargane Mbok Suriah urip kepenak lan makmur. 
b. Sapta anakeMbok Suriah ora sehat nanging sregep.
c. Mbok Suriah wis tuwa kudu ngopeni anake sing nganggur
d. Sapta golek dhuwit kanggo nguripi ibune lan keluargane.

10 1. Awujud gancaran (prosa)
2. Kaiket guru, lagu. wilangan lan guru gatra
3. Isine lelakon kang ana ing kitab Ramayana
4. Ngandhut piweling lan pitutur ing bebrayan
5. Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung

Sing kalebu titikane (ciri-ciri) crita crita cekak yaiku ....
a. 1, 2, lan 3 
b. 1, 4, lan 5 
c. 2, 3, lan 5 
d. 2, 4, lan 5

11 Unsur intrinsik sing nuduhake pesen sing disampekake pengarang marang wong sing maca, diarani 
a. alur
b. sudut pandang 
c. gaya bahasa
d. amanat

12 Masalah paling angel kang diadhepi paraga(puncak permasalahan) diarani .....
a. konflik
b. komplikasi 
c. resolusi
d. klimaks

13 Ide pokok kang ndhasari crita, diarani..... 
a. tema
b. alur 
c. watak
d. tokoh

14 Struktur teks crita cekak sing njelasake yen paraga ngalami lan nemokake masalah diarani .... 
a. koda
b. orientasi 
c. komplikasi
d. resolusi

15 Struktur teks crita cekak sing njelasake yen paraga nemokake dalan pametu kanggo masalah sing dialami diarani ....
a. koda 
b. orientasi 
c. komplikasi 
d. resolusi

16 Ukara sing nggunakake tembung saroja yaiku ...
a. Dhasar bocah dawa tangane, yen ana barang gemlethak ya dijupuk. 
b. Aja gedhe endhase, amarga akeh sing ora seneng.
c. Arjuna iki satriya satriya kang bagus tur gagah prakosa
d. Omonganmu tansah ngabangake kuping wong sing grungokake

17 1. peteng ndhedhet
2. edi peni 
3. andhap asor 
4. gedhe endhase
5. adus kringet 
6. cilik atine

Saka daftar ing dhuwur, sing kalebu tembung saroja yaiku .... 
a. 1, 2, lan 3 
b. 1, 3, lan 5
c. 2, 4, lan 6 
d. 2, 5, lan 6

18 “Wohe abang.....lan godhonge ijo ......amarga saben dina disirami.”
Tembung saroja sing mathuk kanggo ukara kasebut, yaiku ....
a. royo-royo; mbranang
b. memplak; gandhes 
c. mbranang; royo-royo
d. banget; breh

19 1. babak bundhas
2. adus kringet
3. dawa tangane 
4. sarwendah
5. malang megung
6. Sinom

Sing kalebu tembung entar saka daftar kasebut yaiku ...
a. 1 lan 3  
b. 1 lan 5 
c. 2 lan 3
d. 4 lan 6

20 “Ayo kita, ngregani lan ngajeni wong tuwane awake dhewe sing saben dina adus kringet anggone nyambut gawe.”

Tegese tembung “adus kringet” saka ukara kasebut yaiku....
a. golek ilmu tenanan 
b. nyambut gawe rekasa 
c. golek pengalaman 
d. Dolanan saben dina

21 “Ati-ati yo yen kowe crita karo bocah iku, amarga dheweke lunyu ilate.” Tegese tembung „lunyu ilate” saka ukara ing dhuwur yaiku ....
a. Seneng nyolong 
b. Ora bisa dipercaya 
c. Seneng ngomel 
d. Seneng ngilokne

22 “Para tamu padha bingung amarga sing sadurunge padhang jingglang dadi....amarga lampune mati.”

Tembung saroja sing cocog kanggo ukara kasebut, yaiku ....
a. peteng dhedhet 
b. sepi mampring 
c. ayem tentrem 
d. kerta raharjo

23 “Keluargane Pak Ardy, keluarga sing rukun banget. Keluarga iki nuduhake keluarga kang ....”
Tembung saroja kang cocog kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
a. adil makmur 
b. ayem tentrem 
c. andhap asor 
d. edi peni

24 Bengi iki udan deres, lampu mati. Mula dalane sepi banget.
Tembung saroja saka “sepi banget” yaiku....
a. sepi ndhedhet 
b. sepi gempi 
c. sepi mamring
d. sepi gaming

25 “Ing dalan iku wis ana tulisan “dalan lunyu.Ati-Ati!!” Akeh wong sing lewat dalan kono kepleset,kok malah banter yen liwat dalan iku. Yo mesthi wae tiba. yo ngono kuwi padha karo marani bebaya.

Salokane “njarag marang bebaya” yaiku ...
a. Kutuk marani sunduk
b. Iwak kalebu ing wuwu 
c. Asu belang kalung wang
d. Mburu uceng kelangan delegn

26 1. Asu arebut balung
2. Adigang adigung adiguna
3. Kuncung nganti gelung
4. Anak polah bapak kepradhah.
5. Kebo kabitan sung
6. Cedhak kebo gupak

Daftar kasebut, sing nuduhake tuladhane saloka, yaiku ....
a. 1, 2 lan 3 
b. 1, 5 lan 6 
c. 2, 3 lan 4
d. 3, 5 lan 6

Wacan kanggo pitakon nomer 27
“Saben dina, Fendy mung dolanan HP. Ora tau gelem sinau. Tugas ora tau digarap. Biji tugas lan ulangane mesthi sangisore KKM. Yen dielingake wong tuwane mung njawab, “Iya-iya. Lagi mbukak HP”. Sekolah sering ora mlebu. Yen dielingake gurune, alasane jare lara. Padahal nalika wong tuwane diundang menyang sekolahan, saben dina diterne wong tuwane. Yen mbukak HP, sing dibuka ya mung dolanan wae. Fendy ora tau ngajeni wong tuwa lan gurune. Nanging Fendy crita menyang kancane yen suk mesthi dadi dokter. Kancane ana sing mbatin, apa ya iso nek kaya ngono terus.

27 Ngono iku padha karo unen-unen ...
a. Ana catur mungkur
b. Nganti jambul wanen 
c. Kebo kabotan sungu
d. Cebol nggagyuh lintang

28 “Bu Kirtya bingung anggone ngopeni lan nyekolahake anake. Kanggo mangan saben dinane wae, mesthi golek utangan.Kepriye ora bingung ? Lha wong anake Bu Kirtya 13. Bu Kirtya ora nyambut gawe, mung ngopeni anake sing isih cilik-cilik. Bojone, Pak Sanjaya mung kuli angkut.”

Saka perangan crita ing dhuwur, paribasane ...
a. Kebo nusu gudel
b. Kebo kabotan sungu 
c. Asu arebut balung
d. Asu belang kalung wang

29 “Yen ana ing papan anyar ya melua nggawe amane lingkungan, aja ngubak-ubak banyu bening.” Tegese “ngubak-ubak banyu bening” yaiku ...
a. Weweh marang wong sugih tiwas ora ana gunane.
b. Wong tuwa melu tanggung jawab amarga polahe anak 
c. Nggawe rusuh ana ing panggonan kang tentrem.
d. Wong kang ora adil marang wong liya.

30 “Aku seneng karo watake Sandya, dheweke ora tau gelem ngrungokne yen ana wong ngrasani wong liya.”

Paribasan sing tegese ora gelem ngrungokake rerasan kang ala yaiku ...
a. Kuncung nganti gelung.
b. Emban cindhe emban siladan. 
c. Ana catur mungkur.
d. Nglungguhi klasa gumelar.

31 Pitakonan ngenani „jenenge narasumber‟ yaiku ....
a. Sinten nami sampean?
b. Sinten asmi panjenengan? 
c. Sinten asma panjenengan?
d. Sintennaminipun panjenengan?

32 Yen arep takon alamat marang narasumber, tembung pitakon sing digunakake yaiku ... a. Sinten
b. Punapa 
c. Pinten
d. Pundi

33 Nalika miwiti wawancara, Temy arep takon ngenani jumlahe putra narasumber. Tembung pitakon sing kudu digunakake Shinta yaiku ...
a. Sinten 
b. Punapa 
c. Pinten
d. Pundi

34 Tembung pitakon sing digunakake yen arep takon tegese salim yaiku.... 
a. Sinten artosipun salim?  
b. Punapa salim menika? 
c. Pinten salim punika?
d. Pundi salim punika?

35 “Punapa pareng kula nyuwun wekdal panjenengan kangge wawancara?”
Pitakonan iku kalebu ana ing perangan ....
a. pambuka 
b. isi 
c. panutup 
d. dudutan

36 Sing kalebu pitakon pambuka ing wawancara yaiku .....
a. Punapa ingkang dados alangan nindakaken tata krama ?
b. Kados pundi supados para siswa nggadhahi tata krama ? 
c. Bab punapa ingkang badhe panjenengan kersakaken ?
d. Punapa saran panjenengan kangge kelompok kula ?

37 “O inggih Bu, matur sembah nuwun sedaya katranganipun saha wekdalipun. Bilih wonten kalepatan nyuwun pangapunten.”

Pranyatan iku nuduhake perangan wawancara ....
a. pambuka 
b. isi 
c. panutup 
d. dudutan

38 Ing panguripan, kita sering ditulung wong liya. pitulungan mau bisa awujud tenaga, wektu, pitutur, dhuwit, barang lan liya-liyane. Yen diparingi apa wae dening wong liya, kita kudune ngucapake....
a. nuwun sewu 
b. matur nuwun 
c. nyuwun pangapunten 
d. nyuwun duka

39 Sawise nindakake wawancara kudune ngucapake .... 
a. Nyuwun pangapunten lan nuwun sewu
b. Nyuwun pangapunten lan kula nuwun
c. Nyuwun pangapunten lan matur nuwun 
d. Matur Nuwun lan kula nuwun

40 Jronimg nindakake wawancara basa sing digunakake dening pewawancara sing paling trep nggunakake basa ...
a. ngoko lugu 
b. ngoko alus 
c. krama lugu 
d. krama alus
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.