Skip to main content

Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Edisi 2022

Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Edisi 2022
Centralpendidikan.com - Contoh Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Tahun Pelajaran 2021/2022 dalam bentuk format online dan pdf yang dapat digunakan tenaga pengajar sebagai referensi dalam mempersiapkan lembar ujian Penilaian Akhir Tahun di mata pelajaran Bahasa Jawa Sekolah Dasar (SD) tersebut.

Materi Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Tahun 2022 mengacu pada Kisi Kisi dari masing - masing guru pelajar yang telah diselaraskan dengan KI (Kompetensi Inti) dan KD (Kompetensi Dasar). Cocokkan sesuai dengan kebutuhan satuan pendidikan masing - masing.

Penilaian Akhir Tahun (PAT) adalah sebuah kegiatan yang diadakan oleh Sekolah sebagai wahana mengukur capaian kompetensi di kalangan siswa, sesuai mapel (Bahasa Jawa) Kelas 6 sd. Sudah diadakan dan dirubah istilah pergantian kurikulum 2013 revisi. Selanjutnya, fungsinya utamanya masih tetap sama yaitu sebagai penentu kenaikan kelas.

Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Edisi 2022

Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Edisi 2022

Bahasa Jawa Kelas 6 berbeda dengan mata pelajaran tematik lainnya. Soal dibuat berdasarkan (KD dari Tema terkait) Kurtilas yang dipelajari oleh siswa Kelas 6 SD. 

Selanjutnya, Central Pendidikan membagikan Contoh Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 SD dan Kunci Jawaban berjumlah sesuai kebutuhan latihan maupun penyusunan seperti yang kami ulas di bagian atas.

Selamat mengerjakan
(Full PDF dan Kunci Jawaban di akhir artikel)

#Gambaran


1. Assalaamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Bapak-Ibu pengasuh ingkang kula hurmati, Bapak-Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang dipun mulyakaken Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Man gga sasaren gan muji syukur ing ngarsan ing Allah in gk an g sampun paring rahmad lan kasarasan . Shalawat sarta salam mugi tansah linu berak endhu mateng Rosulullah Muhammad SAW.
Bapak Ibu ingkang dhahat kinurmatan, kita sedaya kempal sesarengan wonten ing panti asuhan punika boten sanes supados kita nggadhahi masa depan ingkang sae. Pramila kita kedah kanthi tumemen ngangsu kaweruh ilmu pengetahuan lan ketrampilan saengga ing mangke saget gesang mandhireng pribadi.
………………………………………………………………………………………………………..
Bagian teks pidato kang kacetak kandhel kagolong ….
A Ucapan salam
B Wosing sesorah
C Panutup (simpulan)
D pambuka (ucapan syukur)

2. Wacanen sing tliti!
Budaya Jawa ing Jaman Globalisasi
Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.
Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya. irah-irahane wacan ing dhuwur sing trep yaiku ….
A Budaya Jawa Ing Jaman Globalisasi
B Wujud budaya Jawa
C Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna
D Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya

3. ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato resmi yaiku ….
A digunaake ing kahanan ora resmi
B migunaake tembung baku
C kerep nganggo ukara ora jangkep
D intonasi swara munggah-mudhun

4. Ing ngisor iki sing kalebu dhampak positipe globalisasi yaiku ....
A Nuwuhake sipat konsumtip lan boros
B Komunikasi tansaya gampang, amarga kabukake ruwang sosial.
C Barang gaweane luwar negri bisa ngalahake barang gaweane jrone negri
D Negara sing maju nduweni kuwasa sing luwih gedhe

5. Bapak Ibu sarta para kanca ingkang kula hurmati, kula gadhah idhe, kangge nglatih wira usaha tumrap warga panti mriki inggih punika mbikak usaha damel piscok (pisang coklat). Dhasaripun, ing tlatah mriki kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil. Kanthi makaten sasampunipun dados piscok saget dipun sade wonten alun-alun, utawi kita titipake wonten wande. Etangan kula manawi setunggal piscok kasade Rp. 800,- saget pikantuk kauntungan Rp. 300,- Manawi sedinten saget nyade 300 iji, sampun kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.
Isi teks pidato ing dhuwur yaiku ….
A piscok saget dipun sade wonten alun-alun
B idhe, nglatih wira usaha tumrap warga panti yaiku mbikak usaha damel piscok (pisang coklat)
C kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken.
D kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil

6. SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.
Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.
latar cerita saka paragraph 2 ing dhuwur yaiku ….
A Dina setu
B Pabrik tahu
C Kanca-kanca
D pak Barata

7. Bu Zahro ngasto tas. ukara krama inggil kasebut diowah dadi ukara ngoko lugu sing bener yaiku ….
A Bu Zahro tumbas tas
B Bu Zahro tuku tas
C Bu Zahro nggawa tas
D Bu Zahro nemu tas

8. 1. Kegiatan sabanjure bocah-bocah dijak ndeleng proses prodhuksi tahu.
2. Bocah-bocah migatekake kanthi premati,
3. dheweke seneng,
4. amarga oleh kawruh anyar sing bakal didadekake pengalaman kanggo dina tembe.
5. Sapa ngerti mbesuk bisa dadi pengusaha sing sukses kaya pak Brata.
tembung ing dhuwur supaya dadi paragraf kang padu. yaiku ….
A 1 – 2 – 3 – 4 – 5
B 2 – 3 – 4 – 5 – 1
C 3 – 4 – 5 – 1 – 2
D 1 – 2 – 3 – 5 – 4

9. Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung, 
Dawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Yen lumaku si pucung ngumbar swara
batangane cangkriman kasebut yaiku ….
A gelang
B sepur
C kalung
D perahu

10. Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga dhusun Sukamaju ingkang dahat kinurmatan, para kanca anggota Karang Taruna ingkang kula tresnani.
……………………………………………………………, jalaran kita tansah pinaringan rahmad, taufik, saha hidayahipun saengga kita saged pepanggihan ing kawontenan sehat walafiat lan rahayu wilujeng.
ukara pambuka pidato ing paragraph 2 supaya jangkep yaiku ….
A Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung.
B mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami
C Assalamualaikum Wr. Wb.
D Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat

11. ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) cangkriman yaiku ….
A Kudu dibadhe (digoleki wangsulane)
B Ora kanggo sayembara
C Swasanane dadi sepi
D Nduweni teges global

12. Cebloke mengisor, sing digoleki …. Batangane yaiku gentheng bocor
A mengarep
B mengisor
C mendhuwur
D memburi

13. Tembung globalisasi asale saka tembung “globe” sing tegese ….
A bal bunder
B mendunia
C di dunia
D donya

14. Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing kagungan pabrik. Sadurunge ndeleng proses panggawene tahu bocah-bocah diklumpukake ing sawijining ruwangan. Ing kono bocah-bocah nampa sesorah saka pak Brata. Isine antara liya tetepungan lan kepriye usaha gawe tahu bisa sukses.
Ing pabrik tahu “Prasaja” bocah bocah katampa kanthi becik dening pak Brata, priyayi sing
kagungan pabrik. Priyayi tegese …..
A sopir
B bangsawan
C pelayan
D guru

15. cangkriman yaiku unen-unen kang kudu ….
A diwaca
B dijlentrehna
C dibatang
D diringkes

16. Ing ngisor iki kang kalebu pangerten padato sing trep yaiku ….
A Mangarisbawani liyan supaya wong liyo mau gelem ngeloki kekarepane
B Menehi pangerten lan informasi
C Sawijine kegiyatan ngomong ing sangarepe wong akeh kanggo nyampekake panemune utawa aweh gambaran sawijine babagan
D Menehi panglipur marang liyan saengga pawongan kang ngrungoake mau senneg

17. ing ngisor iki kang kalebu cangkriman wancahan yaiku ….
A Sega sakepel dirubung tinggi (salak)
B Wong adol tempe ditaleni (sing ditaleni iku tempene, dudu wong sing dodol tempe)
C wiwawite, lesbandhonge (uwi dawa uwite, tales amba godhonge)
D Bapak pocung dudu watu dudu gunung, sangkamu ing plembang

18. SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju. Kanggo nambahi kawruh marang para siswa sekolah duwe ada-ada nganakake kegiatan kunjungan menyang salah sijine indhustri pangan sing manggone cedhak sekolahan.
Dina Setu bocah-bocah kelas 6 sida budhal kunjungan indhustri menyang pabrik tahu “Prasaja” kagungane pak Brata. Rini lan kanca-kancane seneng banget atine. Bocah-bocah kepengin ngerti carane gawe tahu lan kepriye carane masarake.
ide pokok paragrap siji yaiku ….
A indhustri pangan
B Rini lan kanca-kancane seneng banget atine
C bocah-bocah kelas 6
D SD Sukamaju kalebu sekolahan sing maju

19. Pak Budi numpak sepur. ukara ngoko lugu kasebut diowah dadi ukara krama inggil sing bener yaiku …..
A Pak Budi mbalap sepur
B Pak Budi mundut sepur
C Pak Budi mancal sepur
D Pak Budi nitih sepur

20. Tegese tembung “globalisasi” yaiku ….
A Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.
B globalisasi ora bakal nuwuhake dhampak maneka warna
C asale saka tembung globe utawa global, tegese mendunia utawa universal
D globalisasi ngasilake budaya becik

21. ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) globalisasi yaiku ….
A Anane pasar tradisional
B Pawarta saindenging jagad, suwe (lambat) banget sumebare.
C Tipise wates antar negara, tegese kedadean ing sawijining negara gampang banget diweruhi dening wong ing negara liyane.
D Saya mundure dol-tinuku utawa perdagangan antarane negara siji lan sijine.

22. ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato ora resmi yaiku ….
A nganggo ukara jangkep..
B tembunge ora baku
C digunaake ing kahanan resmi
D Intonasi datar

23. Mas, … mengko kondur jam pira?
Kanggo njangkepi ukara ngoko alus ing dhuwur supaya becik yaiku ….
A awakmu
B kowe
C aku
D panjenengan

24. Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa. Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian, keris, batik, ketoprak, lan sapanunggalane.
Trus, apa globalisasi iku? Tembung globalisasi asale saka tembung globe utawa global. Tegese mendunia utawa universal. Anane globalisasi nuwuhake dhampak maneka warna, semono uga ing babagan budaya.
isi teks paragraf siji yaiku ….
A ngasilake budaya
B dhampak maneka warna
C Wujud budaya Jawa
D Tegese tembung globalisasi

25. bocah-bocah kabeh, sing ing tembe bakal dadi saka gurune bangsa, kudu bisa nyaring pangaribawa saka manca negara mau. Pamrihe supaya bangsa Indonesia mbesuke ora bakal kelangan jati dhiri. Dampak negative prastawa globalisasi kang bakal kedaden yaiku ….
A Lunture kabudayan lan nilai-nilai luhur bangsa
B Tekade wong kanggo nyambut gawe
C Anane pasar global
D Komunikasi tansaya gampang


Nomor Lainnya dan Kunci Jawaban di lampiran berikut ini.
  • Contoh Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 SD v1, UNDUH
  • Contoh Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 SD v2, UNDUH
Demikian artikel tentang Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 2 Edisi 2022. Semoga bermanfaat..
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.