Skip to main content

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA Semester 2 Tahun 2023, Online dan PDF

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA Semester 2 Tahun 2023, Online dan PDF
Centralpendidikan.com - Pembelajaran diberlakukan siswa kelas 11 agar mendapatkan nilai terbaik dalam penyelenggaraan ujian Penilaian Akhir Tahun atau PAT semester 2. Terutama di mapel Bahasa Jawa di semua jurusan untuk satuan pendidikan pengguna Kurikulum 2013 Revisi.

Materi Soal PAT Bahasa Jawa Kelas 11 Tahun 2023 diselaraskan berdasarkan KI dan KD serta jenis persoalan Asesmen Kompetensi Minimum atau yang disingkat AKM. 

Selanjutnya, Bapak/Ibu guru pengajar dapat menggunakan lembar ujian PAT Bahasa Jawa Kelas 11 ini sebagai referensi dalam melakukan penyusunan naskah asli PAT Bahasa Jawa XI.

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA Semester 2 Tahun 2023, Online dan PDF

Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA Semester 2 Tahun 2023, Online dan PDF

Hasil ujian PAT di mata pelajaran Bahasa Jawa tersebut akan digunakan untuk mengukur capaian kompetensi siswa sesuai Standar Kompetensi Lulusan yang telah diresmikan di mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 11. Dan menjadikannya sebagai penentu kenaikan kelas siswa ke tahap berikutnya.


Selamat mengerjakan..
(Full PDF (+50 butir) dan Kunci Jawaban di akhir artikel)

Soal kangge no 1 - 4
Lumunturing Budaya
(dening : Ki Andanawarih)

Pemudha pemudhi jaman saiki
Unggah-ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalake
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake

Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe
1. Apa irah-irahan / judul geguritan kasebut?
a. Lumunturing Budaya
b. Budaya bangsa ditinggalake
c. Budaya anyar dilaksanaake
d. Unggah-ungguh basa
e. Nyaring budaya dewe

2. Anggitane / karangane sapa geguritan kasebut ?
a. Ki Andanawarih
b. Ki Noto negoro
c. Ki Andana warih
d. Nyaring Budaya Asing
e. Ki Narto Sabdo

3. Saka geguritan kasebut,amanat kang bisa dijupuk kanggo pemudha pemudhi saiki yaiku....
a. rumangsa wis maju ora perlu gawe budaya bangsa
b. budaya bangsa ora perlu di gawe,sing digawe niru perilaku budaya negara liya.
c. budaya bangsa ora bisa diterapake ing negara kita
d. budaya bangsa kudu dijaga,diamalake lan dijaga kelestariane.
e. budaya bangsa ora perlu dilestariake.

4. Yen arep pidhato amrih luwih lancar kudu....
a. Nggawe naskah
b. Ngapalake naskah
c. Maca buku kang akeh
d. Ngerteni sapa kang diadepi / pidato ing acara apa.
e. Busana kudu apik

5. Yen lagi pidhato luwih becik kudu….
a. Nggatekake intonasi lan ekspresi
b. Karo nesu
c. Biasa wae
d. Cepet rampung
e. Lungguh wae

6. (1) Ngadeg jejeg kanthi kebak kapitayan pribadi (percaya dhiri).
(2) Ulate nyenengake, aja mbesengut wae.
(3) Kudu bisa ngobahake awak kanthi becik kanggo narik kawigaten.
(4) Swarane kudu sing banter supaya kabeh wong krungu.
(5) Lagune swara kepenak dirungokake (aja monoton).
(6) Bisa njumbuhake kahanan Ian swasana.
Nalika nindakake tanggap wacana pratelan ing ndhuwur sing kudu digatekake yaiku dituduhake nomer ....
a. (1),(2),(4),(6),(5),(3)
b. (2),(3),(5),(6),(1),(4)
c. (I),(2),(5),(6),(4),(3)
d. (2),(4),(5),(6),(1),(3)

7. Bapak Kepala Desa ingkang dahat kinurmatan, bapak-bapak perangkat desa saha para pamong praja ingkang kula hurmati ugi,
Para bapak Ian para ibu ingkang sampun kepareng rawuh, sarta
Para mudha tumaruna anggota karang taruna ingkang kula tresnani.
Perangan tanggap wacana ing ndhuwur mujudake ....
a. salam Pambuka
b. Purwaka
c. surasa basa
d. panutup
e. dudutan

8. Perangane tanggap wacana sing ngandharake bab gunjukake puja puji syukur marang Gusti Kang Mahaagung Ian matur nuwun marang para rawuh lan sapa wae sing wis padha mbantu lumakune adicara, diarai ....
a. surasa basa
b. Purwaka
c. pangarep-arep
d. dudutan
e. panutup

9. Perangane tanggap wacana sing ngandharake bab atur panuwun Ian nyuwun pangapura mungguh anggone nindakake jejibahan mbokmenawa ana klera-klerune, diarani ....
a. dudutan
b. purwaka
c. pangarep-arep
d. panutup
e. Arti

10. Logat utawa dhialek, pocapan, napas utawa prana, Ian membat mentuling swara jroning nindakake medhar sabda iku kudu dingerteni kanthi temenan. Bab-bab kaya mangkono iku bisa disinau lumantar ....
a. olah rasa
b. olah basa
c. olah swara
d. olah busana
e. Olah raga

11. Upacara adat tingkeban utawa mitoni iku dianakake Kanthi tujuwan kanggo...
a. Ngirim arwahe para leluhur
b. Njaluk supaya diparingi udan
c. Ngurmati arwahe para leluhur
d. Keslametane calon jabang bayi
e. Ritual khusus tumraping wanita

12. Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo manungsa (wong) yaiku...
a. Tedhak siten
b. Sedhekah bumi
c. Ruwatan
d. Suran
e. Nyadran

13. Jinise upacara adat ing ngisor iki sing ana gegayutane karo alam yaiku...
a. Brokohan
b. Sepasaran
c. Telonan
d. Nyadran
e. Tolak balak

14. Jinise upacara adat sing tujuwane kanggo ngaturake rasa syukur sarta nyuwun pandonga slamet marang sakabehing warga desa diarani...
a. Tedhak siten
b. Sedhekah bumi
c. Ruwatan
d. Selapanan
e. Brokohan

15. Jinise upacara adat Jawa kanggo mangayubagya kelairane si jabang bayi diarani...
a. Larung sesaji
b. Petik laut
c. Sekaten
d. Brokohan
e. Sepasaran

16. Sawijine upacara sing dianakake tumrap bocah/wong sing dainggep sukerta (upamane:bocah ontang-anting, bocah sendhang kaapit pancuran, bocah kedhana-kedhini,lsp) yaiku...
a. Nyadran
b. Suran
c. Ruwatan
d. Selapanan
e. Tedak siten

17. Jroning tata urutan temu manten adat Jawa sing diarani upacara kacar-kucur Jawa yaiku...
a. Manten lanang nyuntak beras kuning lan sapanunggalane ing pangkone manten putri.
b. Manten kekarone lungguh ing pangkone ingkang rama kanthi ditimbang bobote.
c. Manten kekarone dituntun rama lan ibu menyang kwade sarana kaya digendhong.
d. Manten kekarone padha salaman kang ditempukake dening sang pujangga jemuk.
e. Rama lan ibu saka manten kekarone padha lungguh ing kursi sakiwa tengene penganten.

18. Jroning tata urutan lumakune upacara mitoni utawa tingkeban, ana sawijine kegiyatan siraman utawa adus mujudake simbol upacara kang tujuwane kanggo...
a. Aweh tuntutan kebecikan marang tangga teparone.
b. Panyuwunan muga-muga bayi sing lair bisa lancar.
c. Ndedonga muga-muga bayi sing lair duwe sipat becik.
d. Nggangsarake bayi sing lair ora ana apa-apa.
e. Nggangsarake ibu sing nglairake ora ana apa-apa.

Wacan ing ngisor iki kangge soal no 19,20
Gatekna pethikan artikel ing ngisor iki!
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara adat sijining upacara adat sing ditindakake dening wong Jawa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi, mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga (upamane ari sing dipendhem diwenehi lampu (umume senthir), iki dadi pralambange “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki disumet nganti 35 dina (selapan). Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokne ing kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokne, jroning kendhi dilemeki godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan dibuntels kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa menyang panggonane mendhem. Ponggonan sing dienggo mendhem kendhi kudhu ing sisih tengene omah.

19. Adhedhasar jinise artikel ing ndhuwur diarani artikel....
a. Eksposisi
b. Dheskripsi
c. Argumentasi
d. Persuasi
e. Narasi

20. Nalika maca sawijine wacan kudu bisa mangerteni watak lan sesipatane paraga kang ana ing crita, dadi anggone maca kudu trep (upamane apa rase nesu, sedhih, mangkel, ngerintih lan liya-liyane) kang diarani....
a. Wirasa
b. Olah Vokal
c. Obah mosik
d. Intonasi swara
e. Ekspresi

21. Jroning tata urutan temu manten adat Jawa, nalikane manten karo manten wedok dipangku karo bapake manten lanang diarani upacara ....
a. Papag toya
b. Balang bantal
c. Bobot timbang
d. Wiji dadi
e. Tanem jero

22. Ing ngisor iki kang minangka dadi strukture teks tanggap wacana yaiku ...
a. Tema, pambuka, isi, panutup
b. Pakurmatan, pambuka, panutup
c. Pakurmatan, isi, lan pengarep-arep
d. Pambuka, isi/karep, lan panutup
e. Pambuka, rantaman baku, panutup

23. Ing upacara panggih pinanganten adat Jawa ana kang diarani sungkeman. Ancas utawa tujuwane sungkeman yaiku...
a. Njaluk pangapura wae
b. Njaluk pangestu lan weneh pitutur
c. Njaluk sangu
d. Njaluk pitutur
e. Njaluk donga

24. Upacara adat Jawa sing ditindakake wiwit bayi ana kandhutane ibu nganti manungsa mati lan ora bisa dipisah saka uripe wong jawa yaiku...
a. Slametan/Bancakan/Tasyakuran
b. Mantenan
c. Sekaten
d. Larung Sesaji
e. Siraman

25. Sing kudu diandharake dening pranatacara jroning pambuka yaiku…
a. atur panuwun marang kawigatene
b. nyuwun pangapura yen ana kaluputan
c. bakune adicara sing bakal ditindakake
d. gawe dudutan bab sing diandharake
e. gawe ringkesan bab sing diandharake

Soal nomor 26-50 di lampiran pdf berikut ini.
  • Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA v1 dan Kunci Jawaban, UNDUH
  • Latihan Soal PAT Bahasa Jawa Kelas XI SMA v2 (Asesmen), UNDUH
Ki Hajar Dewantara : “Ing Ngarsa Sung Tuladha Ing Madya Mangun Karsa Tut Wuri Handayani”,- Di depan memberi contoh, di tengah memberi semangat dan di belakang memberikan kekuatan.